Kaca:Rembuyung.pdf/24

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Geguritan

Damiri

PEMBANGUNAN


Mirengna musik pembangunan kae
Mbangkitake rakyat kareben ngabdi
Ngabdi ing bumi pertiwi
Rangkula ilmu
Nggegema teknologi
Bangun Indonesia.

Kobarna semangat juangmu
Tetepa ing persatuan bangsa
Kawula..... rakyat Indonesia
Mbangun negri iki
Kareben.....madegjejeg
Adhedhasar Pancasila lan UUD 1945. °

He......para pemimpin
Aku bungah
Rikala aku nlesih jati dhiri
Sira fantunake kidung Illahi
Kanggo urip kang minulya.

24