Kaca:Rembuyung.pdf/143

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
TUTOR LAN PESERTA
BENGKEL SASTRA JAWA 1997

Suminto A. Sayuti, lair ing kutha Purbalingga, Jawa Te-

ngah, 26 Oktober 1956. Lulus saka FKSS IKIP
Yogyakarta taun 1979, banjur dipercaya mulang
ana almamatere. Kejaba dadi dosen, ing jagad
kesenian (kasusastran) penjenengane uga dadi
salah sawijine penyair kang karya-karyane wus
akeh banget Kang kamot ana ing antologi,
koran, lan majalah. Malah, karo kanca-kancane
seniman Mas Minto kerep: diarani “dhukun
puisi”. Amarga’ dadi “dhukun puisi”, mula pan-
tes menawa saiki sibuk diundhang ceramah,
dadi yuri, lan liya-liyane ngenani bab puisi.
Dosen, penyair, lan-kritikus kang wus nyekel
gelar doktor (1995) iki saiki lenggah ana ing
Balong, Pakembinangun, Sleman, Yogyakarta.


Dhanu Priyo Prabowo, lair ing Kulonprogo, 15 Januari

1961, Lulus saka Fakultas Sastra UNS, jurusan
Sastra Jawa, taun 1985. Saiki makarya ana
Balai Penelitian Bahasa Yogyakarta. Taun 1995
mlebu ana Fakultas Pascaarjana (S-2) UGM.
Tulisan-tulisane arupa kritik (esai) lan cerkak
wis akeh kang kababar ana koran lan majalah
ing Yogyakarta, Surabaya, lan Jakarta. Buku-

147