Kaca:Rembuyung.pdf/142

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Makalah

Aku kepengin
nglintir kerukunanmu
lestari temantenan
kalis pacobaning kala.

Mataun-taun lungguh jejer
nganti gapuk
remuk.

1991


Katingal bilih geguritan LORO BLONYO punika anggenipun nyerat sampun lumantar pendalaman utawi intensitas ingkang saestu. Pamilihing tembung tuwin rakitaning ukara sampun katingal mateng, mboten namung sagebyaran kemawon. Tundhonipun, geguritan dados ketingal estetis. Ukara-ukara ingkang dipunrakit cekak aos nanging mboten kecalan enggok. Prekawis menika mesthi kemawon lajeng ndadosaken underaning tembang lajeng katingal nges tuwin lebet menggahing kabudayan (Jawi). Namung badhe cariyos bab reca Loro Blonyo kemawon nanging wonten prekawis sanes ingkang sinandhi: gesang bebrayatan ngantos pejah kaliyan semahipun (nini lan mintuna). Dados, wonten ing ngriki, sejatosipun werdinipun kagunan sastra geguritan. Cethanipun, prekawis prasaja menawi saged dipunpetani latar belakang falsafahipun, yektosipun ngemu pasemon dhumateng gesanging manungsa. Kacariyos, tiyang Jawi punika panggenipun pasemon? ***

146