Kaca:Rembuyung.pdf/144

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
buku antologi geguritan lan cerkak kang
diedhitori wis akeh kang terbit. Karo putra lan
garwane, saiki lenggah ana Kebonreja, Temon,
Kulonprogo, Yogyakarta.

Akhir Lusono, lair ing Yogyakarta, 25

Oktober 1971. Dalem kang dilenggahi saiki ana ing
Kauman GM 1/172, Yogyakarta 55122.

Ambar, tekan saiki sarjana kang isih legan

iki isih makarya ana SLTP Stelladuce I, Jalan Dagen,
Yogyakarta. Tulisan-tulisane kang arupa guritan lan
tembang wis akeh, nanging isih disimpen ana laci
kamar pribadhine. Kandhane, sawektu-wektu mengko
bakal dibabar ana koran utawa majalah.

Ardini Pangastuti, lair ing Tulungagung,

Jawa Timur, 16 November 1960. Karya-karyane kang
arupa cerkak lan cerbung wis sumebar ana kalawarti
ing Yogyakarta, Sala, lan Surabaya. Salah siji
antologi cerkak kang wis terbit Nalika Srengenge
Durung Angslup (1996). Sedhela maneh novele uga arep ::terbit. Saiki manggon ana Jalan Ngeksigondo 22,
Tinalan, Kotagede, Yogyakarta.
148