Kaca:Rembuyung.pdf/141

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

  Prekawis ing nginggil wau saweg ngrembag sakedhik dhumateng prekawis struktur geguritan, dereng ngrembag maknanipun geguritan. Cobi panjenengan semak, menapa geguritan wau saged kasebat kagunan sastra ingkang estetis. Tegesipun, prekawis ingkang dipunandharaken ing guritan wau rak sampun asring kepara malah latah wonten ing gesanging manungsa Indonesia, utawi Jawi ing wekdal samangke: tiyang kesupen dhumateng mula bukanipun jalaran gesangipun kasangga dening pangwasa. Ingkang kula pikajengaken; wonten ing guritan kasebat katingal bilih si penggurit kirang tumemen anggenipun ngolah dhumateng prakawis kabudayan, mliginipun dhumateng prekawis owah-gingsiring tatanan -sosial. Cethanipun, nyerat geguritan punika mboten kedah ngrembag prekawis-prekawis ageng menawi mboten saestu nguwaosi dhumateng prekawisipun. Prekawis alit utawi ingkang katingalipun prasaja menawi saestu dipunkuwaosi intisarinipun Kula kinten mboten kawon kaliyan idhe-idhe ingkang katingal ageng. Mangga kita semak sesarengan guritanipun Djaimin K. ingkang sampun kamot wonten Pagagan, Apri] 1992 punika.

LORO BLONYO
Anteng mantheng
lungguh jejer temantenan
tan mosik
tinerak angin.

Antengmu sajak nyemoni
prauku kang kerem
ginempur ombak
segara ladak.

145