Kaca iki wis divalidasi
Makalah
1984-1991
(Festival Penyair Sastra Jawa Modern)
Lumantar geguritan ing nginggil kala wau kita saged nyatheti bilih wonten prekawis ingkang kirang trep, pas, lan nges ingkang njalari geguritan wau mboten ketingal estetis, inggih punika: (1) tembung-tembungipun katingal nglegena, (2) pamilihing tembung (diksi) katingal mboten kapilih, (3) penyeratipun taksih katingal tendhensius satemah emosinipun geguritan katingal wantah lan mentah. Wonten ing perangan punika tuladhanipun wonten ing bait sepisanan: // Kancil wis ora nyolong timun / kancil saiki dadi ratu /mimpin bangsa, ngembani negara / lungguh dhampar kencana / kewan-kewan galak padha mara manut kersane sang nata //. Kamangka, geguritan punika, ingkang sae, kedahipun anggenipun nglairaken mboten kedah wantah, mboten mawi basa padintenan. Liripun, geguritan punika saenipun menawi anggenipun nglairaken mawi cara ungramatikalitas (deotomatisasi, defamiliarisasi). Tembung-tembungipun kedah pinilih saengga saged nuwuhaken raos ingkang endah. Menawi saged mekaten, tundhonipun, prekawis-prekawis ingkang kalairaken wonten ing cipta guritan mboten lajeng ketingal tendhensius tuwin emosional. Protes utawi nyindir punika saged kemawon, nanging menawi anggenipun nglairaken mboten benten kaliyan basa padintenan, menika rak mboten 'saged kasebut geguritan utawi puisi. Sampun kauningan, bilih geguritan punika kacariyos kagunan sastra ingkang mawa basa cekak aos tanpa kedah kecalan nges.
144