Kaca:Rembuyung.pdf/134

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
TATARAN PROSES KREATIP
Suminto A. Sayuti

  Kaya kang wis nate dakaturake manawa proses kreatip, manut andharane para sarjana pinunjul ing babagan iki lan manut pengalamane para jum gurit kawentar, iku pancen bisa kaperang dadi patang tataran: (1) preparasi utawa persiapan: (2) inkubasi utawa pengendapan; (3) iluminasi utawa manifestasi (uga disebut mbabarake); lan (4) verifikasi utawa nintingi kanthi pikiran lan pangrasa kang kritis.

  Tataran kang kapisan, preparasi iku, ora ana liya kejaba tataran ngumpulake informasi lan dhata-dhata: klebu ing kene yaiku pengalaman-pengalaman kang tundhone pancen dibutuhake tumrap sapa wae kanggo ngrampungake utawa ngudhari prakara tertemtu. Saya wuwuh pengalaman utawa informasi kang sumadya lan dadi duweke tumrap Sawenehing bab utawa tema kang bakal digarap, uga saya gampang lan ora kangelan (tegese uga saya “siap”) tumrape pawongan mau anggone lumebu jroning proses kasebut. Kanthi sangu kawruh lan pengalaman kang cukup, sokur pancen wis “sugih” temenan, penggurit bakal nelasak alas robaning gagasan, kang ing jerone sumadya pirang-pirang kemungkinan, kanggo nyuntakake rasa-pangrasa lan pikirane sajroning geguritan kang endah. Ana ing tataran iki pikiran kreatip lan daya imajinasi juru gurit banget diperlokake.

138