Kaca:Rembuyung.pdf/133

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung


Manut para sarjana kang pana ing babagan kreatipitas, tandha-tandhane wong kang kreatip iku cacahe ana sanga, yaiku: (1) imajinatip; (2) duwe prakarsa, lire bisa miwiti saka awake dhewe pribadi; (3) duwe minat kang tebane amba, pribadhine tinarbuka tumrap bab-bab kang anyar; (4) duwe kemandhirian berpikir; (5) duwe rasa kepengin ngerti kuat marang samubarang; (6) duwe jiwa petualangan; (7) semangate dhuwur (energik); (8) wani nanggung resiko; lan (9) keyakinane mantep lan wani.

***


Proses kreatip ngripta geguritan, manut andharane para sarjana lan manut pengalamane para penggurit pinunjul, kaperang dadi patang tahapan: (1) preparasi utawa persiapan. (2) inkubasi utawa pengendapan, (3) iluminasi utawa manifestasi, lan (4) verifikasi utawa nintingi kanthi pikiran kang kritis.

***

137