Rembuyung
Pengalaman-pengalaman ‘kang ndayani tuwuhe minat kanggo maca, banjur kanggo nulis, lumrahe bisa ditemokake ing kukuban omah, yaiku marga ana wong tuwa, bapak lan ibu, sanak sedulur sing seneng lan baud crita. Uga merga saka maca buku-buku kang ana ing omah, ing pamulangan, lan ing perpustakaan. Mesthi wae sing dikarepake ing babagan iki lumaku tumrape masyarakat sing wis melek hurup, masyarakat kang bisa ngregani anane budaya maca lan nulis. “Pengalaman bocah” kasebut nyatane pancen nduweni sumbangan kang ora sethithik. Jumbuh karo bab iki andharane utawa pengakuane Gerson Poyk, salah sijine pengarang sastra Indoesia modheren, kang kira-kira tegese mengkene: “proses kreatip iku mujudake sawijining proses kang wiwit ketok nalika bocah, nalika kesadaran kang kawitan mrentul. Faktor lingkungan uga mujudake bab kang wigati tumrap tuwuhe kreatipitas ing kalangane bocah. Jaman nalika isih bocah mujudake pinginan tumrape intuisi kreatip.”
Tataran kang kapindho yaiku tataran inkubasi. Ing tataran iki, sawise kabeh informasi lan pengalaman kang wigati diklumpukake sarta mbudi daya kanthi cara lumebu sakwutuhe murih bisa nuwuhake gagasan sak akeh-akehe kanggo ngrampungake bab-bab utawa tugas kang diadhepi lan sumadya ing ngarepe, wigati uga, lumrahe, mbudi daya piye carane murih gagasan-gagasan kabeh mau dadi saya meneb.. Tembunge liya, gagasan-gagasan mau pancen wigati di-“inkubasi”, dibudi daya amrih saya meneb ing jagad kajiwan pra-sadar. Ing kene, pirang-pirang prakara kang isih arupa “barang mentah” utawa “bahan kasar” (raw material) iku diolah lan diwuwuhi srana kawruh kang tekane saka jagad kajiwan pra-sadar kuwi. mau, yaiku kabeh kawruh lan pengalaman kang pancen duwe sesambungan raket sing wis nate dadi darbeke nanging banget angel dirasa :kanthi139