Kaca:Rembuyung.pdf/132

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Makalah

Perlu uga diuningani yen edining geguritan iku bakal wuwuh manawa pengalaman kajiwan kang ndhasari duwe sipat kang ganep, wutuh, kuwat, lan akeh. Lire, pengalaman-pengalaman kang dibabar iku saya jembar tebane lan saya cetha ricikane. Jembaring teba lan cethaning ricikan mau bakal nggawa geguritan tekan papan kang nengsemake: dheweke nduweni sipat kang transendhental lan monumental. Geguritan sing kaya digambarake iku mau ora mung mandheg dadi sakcuwil "pesan" utawa mandheg dadi rekaman peristiwa, nanging uga bisa dadi srana mawas dhiri utawa ngulir budi tumrap, mligine, para maos. Dheweke adoh saka sipat ngguroni utawa khotbah, ora meksa marang audhiens. Kabeh mau bisa katekan marga penggurit mateng pengalamane lan baud milih, milah, sarta nata tembung lan ukarane. Saka pamawasku, bab iki babar pisan ora ngalang-alangi kamardikan lan kebebasane penggurit kanggo nindakakeeksperimen utawa pacoban-pacoban kreatip.


***


Andharan ringkes kang wis diaturake ing dhuwur mau uga nuduhake marang kita kabeh manawa mlebu ing jagading kasusastran, mligine maneh ing babagan ngripta geguritan --awit jagad kasusastran menehi kalodhangan loro cacahe, yaiku kang sipat apresiatip lan kang sipat ekspresip-- awake dhewe. iki dituntut dadiya "manungsa" kang duwe kapribaden kreatip. Tandha-tandhane wong kang kreatip iku mau bisa kaperang dadi pirang-pirang, nanging uga kudu diuningani yen perangan siji lan sijine ora bisa dipilah kanthi tegas. Marga, kang sanyatane kapribaden (personality) iku dudu sawenehing kumpulan saka pirang-pirang perangan kapribaden: dheweke mujudake totalitas.

136