Kaca:Rembuyung.pdf/131

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi
SATLERAMAN BAB GEGURITAN
Suminto A. Sayuti

Kaya kang wis diuningani dening umum, satemene geguritan kuwi nduweni perangan-perangan kang baku. Kang wiwitan disebut perangan bobot. Klebu ing perangan iki kayata tema, gagasan, utawa pikiran-pikiran penggurit kang ditimba saka pengalaman-pengalaman kajiwan. Kang angka loro disebut wujud utawa struktur. Kekarone kudu duwe sesambungan sing serasi lan selaras. Lire, gagasan dadi perangan batin utawa jiwa (roh), dene wujud (struktur) dadi perangan wadhag utawa ragane geguritan. Kanggo nglarasake kekarone, penggurit kudu nduweni lan nguwasani teknik.


Geguritan kang edi lan ngemu kaluwihan kang disebut seni, manawa pengalaman kajiwan kang minangka fondhasine kasil kawedharake srana lan jroning tetembungan kang pinilih. Marga saka iku, kuwajibane penggurit sing paling abot ora ana liya kejaba milih tetembungan utawa ukara kang pas minangka srana panyuntaking uneg-uneg. Mangka, tetembungan kang ngupen lan ngepung penggurit kerep-kerepe wis rusak lan kotor marga pirang-pirang bab. Umpamane dirusak lan dikotori dening politik, reklame, lan sapanunggalane. Mula, milah lan milih tembung sarta ngilangi sukeṛtane dadi kuwajibane penggurit sing ora kena diselaki.

135