Kaca:Rembuyung.pdf/128

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

DHANDHANGGULA

ENdah mrabu dhuh sira cah manis,
DHANGan tyasku anyaket mring sira,
RAketa ruket slawase,
RAsa manunggal kalbų,
SRImyang laras kridhaning batin,
WIwit tepung sepisan,
KInepung ing wuyung,
WARnamu tansah ngalela,
SIyang ratri saya mantep.angranuhi,
KInikis gung panggodha.

129