Kaca:Rembuyung.pdf/129

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Macapat

Wagini

TRESNA SEJATI
(Pangkur)


1. Ngungkurken jurang pamisah,
kwontenaning kita sapuniki,
aja gawe sesatru,
ing jaman kamardikan,
mersudiya mring dwija kang satuhu,
darapon antuk kamulyan,
saka Gusti Kang Dumadi.

2. Wajibing gesang punika,
anresnani marang titahing Gusti,
sanadyan sumugih iku,
dhatan ngendelake bandha,
mangerti empan papan titah sawegung,
tumrap wong kacingkrangan,
sandhang bukti den paringi.

3. Bandha donya bisa muspra,
mula urip aneng den eling,
yen kelangan nora getun,
kanggo kang kesrakatan,
sinartanan paring berbudi kang patut,
lahir batine legawa,
iku tresna kang sejati.

130