Kaca:Rembuyung.pdf/127

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Macapat

5. Panitiya ingkang angembani,
kang kapisan Pak Tirto Suwondo,
Bu Rahayu kaping dwine,
Para anggotanipun:
Pak Marsudi miwah Pak Sardi,
Pak Agung Pak Giharto,
Narasumberipun,
Pak Dhanu myang Pak Suminta,
Pak Yoyok Aryo twin Pak. Hardjanto Sahid,
pepak pra panitiya.

6. Ingayoman de Kepala Bale,
Panlitian Bahasa nyata,
Pak Suwadji pangarsane,
dhatan kantun sesepuh,
madeg penasehat sayekti,
Bu Widati tan kendhat,
weh grengseng jro rawuh,
ingajab kita sageda,
amemetri myang ngrembakaken ugi,
gesanging sastra Jawa.

Cathetan: BPB = Balai Penelitian Bahasa

S. E. = Sarjana Ekonomi

128