Kaca:Rembuyung.pdf/120

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

Suci Hadi S.


NGRIPTA GURIT
(Megatruh)

1. Nimas ayu sarta kancaku cah bagus,
ayo bebarengan mami,
marang kabudayan ambyur,
ora amung angleluri,
nanging uga gawe monjo.

2. Uwong Jawa pancen ora amung lugu,
rasa rumangsa utami,
sabarang reh nganggo simbul,
kang kamot ing sastra Jawi,
sastra lawas lan samengko.

3. Prayoga ana kene aku matur,
mas Suminta A Sayuti,
pangandikan lan pitutur,
murih laku dadi gampil,
ngripta gurit tembang maton,

121