Kaca:Rembuyung.pdf/119

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Macapat

S.M. Haryanto


DHANDHANGGULA

S areng gatra kang rinakit niki,
M ugi katur sagung para mitra,
H ingkang samya malbeng bengkel,
A ngudi ngilmu tuhu,
R inengkuh kadya sami waris,
Y en ta kita manunggal,
A jeg rawuhipun,
N etepi tatanan wekdal,
T an rinasa kita sampun antuk bathi,
O bor ingkang piguna.


SINOM

S inengker Balai Bahasa,
R ikma cekak anengeri,
I ngkang ngagem kaca tinggal,
W anita watak Srikandhi,
I nggih watak prajurit,
D hemen pakaryan kang luhur,
A nampi jejibahan,
T indhih Sanggar Sastra Jawi,
I ngkang madeg wonten kitha Yogyakarta.

120