Kaca:Rembuyung.pdf/121

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Macapat

4. Sepisanan kabeh informasi nglumpuk,
iku aran preparasi,
pengalaman data kudu,
rasa pangrasa lan pikir,
pengalaman bocah kanggo.

5. Pengalaman pancen akeh ginanipun,
uga andayani nulis,
proses kreatif puniku,
taksih bocah sampun wiwit,
ngendikane Poyk Gerson.

6. Kang kapindho pengendhapan iku perlu,
ing tataran inkubasi,
mbudi daya murih kawruh,
menep ana jroning ati,
kapan bisa dadi uwoh.

7. Apa ingkang aran ilham apa wahyu,
uga karan intuisi,
sejatine iku mau,
kawruh tuwuh saking ati,
mencungul saka ing njero.

8. Kang katelu tataran iluminasi,
mbabarake tembang gurit,
kawruh menep wus kasusun,
ngolah rasa sarta pikir,
bareng dadi banjur mak plong.

122