Kaca:Rembuyung.pdf/118

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

yata gumyak sinengkuyung campursari,
direka amrih mulya.

2. Estunipun pra dwija puniki,
duk ing nguni sadaya wis priksa,
yen ginagas samesthine,
sayuk rukun satuhu,
urun-urun mbangun nagari,
bareng anggula wenthah,
rasane wis jumbuh,
amung panyuwunku nyata,
tutor lan peserta wajib gijinagi,
aywa kongsi sembrana.

3. Sumpeg buneg rinasa ing ati,
lamun eling marang garwa putra,
angelangut ing batine,
mendah ing wanci dalu,
edi mungguh ingkang lumaris,
titising penataran,
harja mrih rahayu,
rinonce undhaking dwija,
yasa prota, proca sp kisi-kisi,
digarap kanthi nyata.

119