Kaca:Rembuyung.pdf/117

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Macapat

PPKN Indonesia basa Inggris,
lima IPS IPA.

Dipun luru harta mas ingkang satuhu,
tan kena risaknya,
wruha ngger yaiku ngelmi,
pancen nyata dinggo ora tan ketara.

Yen sinau wiwit saka tabuh pitu,
tumeka jam sanga,
nadyan akeh godha tivi,
sedya cancut mbengkas weca wutasastra.

21 Agustus 1997


DHANDHANGGULA

1. Siniram mring dwija basa Jawi,
lila murih undhaking prakanca;
amengku daya sarine,
makempal para guru,
enggal kondur notoling ati,
tetela samiya suka,
hardi pindhanipun,
ririse udhuning arta,

118