Kaca:Rembuyung.pdf/116

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

rinacik mung telung pada,
yadimen kuncara yekti.

Umpak-umpak:

1. Gula klapa jinereng supaya rata,,,.. .
ayo kanca padha grengseng nulis maca,
sekar jagad ageme priyayi pangkat,
aja pegat sanadyan akeh kang nacat.

2. Sarung jagung abote sinangga suwung,
aja wurung lamun nyerat kang den surung,
jagal Wlakas jagone diumbar ngalas,
datan canthas Abimanyu tetep nglaras.



DHANDHANGGULA


Tabuh sapta wanci nampi ngelmi,
eman sanget yenta wuta sastra,
mangas emeng penggalihe,
aywa kendhat sinau,
lamun sira gandrung mukti,
sanadyan lara lapa
samya dipun luru,
Matematik nyerat Jawa,

117