Kaca:Rembuyung.pdf/109

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Macapat

Nging mangkana ibu Theresa,
sugeng mono kang kagungan amung Gusti,
bandha tan kaumpuk-umpuk,
enget mring kang cintraka,
kang butuh marang sakabehing pitulung,
gupuh-gupuh nggennya ngglawat,
sakeh bebaya tan ajrih.

Iku wujuding pahlawan,
mung kaslametaning pepadha den predi.
nadyan panacad panutuh,
panyeda uga ana,
binodhohake anggone dadya manus,
ora milik barang donya,
iku laku ujud suci.

Tan ngoyak bandha donya nya,
kang gapuk lan remuk renget nggrogon,
mung ngudi mring swarganipun,
mila tan kabeh bisa,
anglampahi tumindak kang pancen luhur,
lamun tan pinilih Pangran,
nindakake tugas suci.

110