Kaca:Rembuyung.pdf/110

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

'Marsono

PITULASAN
(Dhandhanggula)

Si Hartati nalika kang esti,
yeku hari kamardikan kita,
Indonesia nagrine,
Nuswantara kang luhung,
pitulas Agustus kang sasi,
eka nawa pat panca,
genahe kang taun,
adhedhasar Pancasila,
sarta Undang-Undang Dasar saestu ji,
sih manunggaling bangsa.

111