Kaca:Rembuyung.pdf/108

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

PANGKUR


Anusul ibu Theresa,
kang kalok ibu tresna wong ingkang miskin,
nadyan yuswa wus asepuh,
tan mingkuh mring akarya,
nadyan ngrumat wong kang nandhang lara budhug,
kang den sirik para jalma,
pun ibu tumandang aglis.
Dadi ibuning wong mlarat,
manunggalake tekad urip wong miskin,
tan wedi baya pakewuh,
kabeh barang kinarya,
amrih kabeh para wong miskin tinulung,
sadaya tan beda-beda, .
tan mawang pundi agami.
Pamawase banget jembar,
sadaya titah iku winengku Gusti,
Gusti kang jumeneng agung,
sabarang titah sapadha,
tanpa beda-beda iku asalipun,
mung manungsa sok kuwasa,
malah asale sring lali.

109