Kaca:Rembuyung.pdf/107

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Macapat

awit Diana peputra,
calon mengkoni nagari.

Jalwestri samya dhuhkita,
seminggu layon kinurmatan ing waris,
kawula Inggris sadarum,
sarta para dhuhkita,
manca nagri tan kantun caos atur,
kang lagya nandhang dhuhkita,
kulawangsa Spencer nguni.

Sad September candranira,
dhawah warsa sampun pinacak ing nginggil,
tumpak wasta dintenipun,
pangkating kang jenazah,
nuju papan upacara berkahanipun,
gereja agung katedral,
kang paling agung ing Inggris.

Urutaning upacara,
kereta mariyem kang kangge narik
prajurit kuda sedarum,
ingiring kering muka,
rinengga sekar lilia pethinipun,
lampahnya alon-alonan,
tumuju papan kang suci.

108