Kaca:Rembuyung.pdf/106

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

J. Kusumadi H.M.


PANGKUR

Kapungkur kang winursita,
kapundhute Lady Diana mring Gusti,
Dwi Anggara dhawahipun,
September ingkang candra,
sewu sangangatus sangangdasa pitu,
kanthi tan rasa rinasa,
dhawahing pepesthen jati.

Kejot kang samya miyarsa,
gonjing-gonjing ing saindhenging nagari,
keblat papat mancanipun,
sedya samya dhuhkita,
pundi papan nulya sami dados ubur,
wit seda putri Diana,
langkung malih nagri Inggris.

Kulawarga kerajaan,
nadyan lair Diana pegat mring Inggris,
saking Charles garwanipun,
tan pegat kamanungsan,
ginugah raos kang ibu marasepuh,

107