Kaca:Rembuyung.pdf/105

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Macapat

7. Putrinipun
ginandheng ing liyan kakung,
marem jroning nala,
dhasar antuk brana picis,
tan nglegewa
yen sinemak dening putra.
8. Eyang kakung
yen kasepen njur mbilulung,
mangka jroning wisma,
amung Inem jejer abdi
sepi sela
Yang Kakung amrangkak krura.
9. Dasar sepuh
tindaknya wus sarwa gidhuh,
Inem aba arta,
mirengnya gya den wiwiti,
Inem lunga
Yang Kakung nglumpruk kang angga.
10. Aja gupuh
yen mengko nemu pakewuh,
urip nerjang sarak,
nguja rasa drengki srei,
bakal teka
mangsa kalaning bilahi.

106