Kaca:Rembuyung.pdf/104

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

wit tan karsa
den ajak tindak culika.
3. Mring sedulur
katresnan wus tan sempulur,
pinathok ing brana,
wedi lamun den rusuhi,
ingkang papa
kaanggep dede sentana.
4. Baba biyung
lumraha tinilar semprung,
reh pituturira,
dadya pepalange dhiri,
dereng krasa
wit bebendu dereng prapta.
5. Aji mumpung
ngalor ngidul adol gendhung,
peh lagi kuwasa,
sakeh ucape den esthi,
datan krasa
dhedheku mung yen neng ngarsa.
6. Brayan agung
kakung miwah putrinipun,
kabeh datan setya,
nguja karsaning pribadi,
ingkang priya
lampah bandrek yen neng njaba.

105