Kaca:Rembuyung.pdf/103

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Macapat

Kagem mitra sanggar samya;
kang telaten amarsudi,
ngupados mrih tansah lana,
sastra budayaning dhiri,
tan suminggah nlatosi,
ajak-ajak murih nglumpuk,
ambabar sastra Jawa,
kang sami siningkur nenggih,
sewu margi uger purun mrih santosa.


JAMAN AMBURADHUL
(Pocung)

1. Bapak pocung
pinangka purwaning kidung,
jamane punika,
kabeh wecan wus nutuki,
pra pujangga
datan sisip wecanira.
2. Jebul kojur
lamun kita hambek jujur,
tinebihan rowang,
lonthang-lanthung angijeni,

104