Kaca:Rembuyung.pdf/102

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Rembuyung

Cariosipun mbah putri kang makartį,
buruh umbah-umbah,
luru upa nggo saari,
nadyan sathithik wis bungah.
Pakaryan ing sadinane durung mesthi,
kudu ngati-ati
sing gemi aja sembrana, .
samubarang tinaberi.
Kanggo wragat pawiyatan mboten kwawi,
ra wani suwala,
mung dhedhepe mring Hyang Widhi,
mrih luwar saking cintraka.
Mangga karsa sinten suka angragati,
hanglampahi kula,
kinen ngangsu kawruh ngelmi,
nedya ndherek mbangun praja.

103