Kaca:Rembuyung.pdf/101

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

Macapat

Is Sardjoko

MEMETRI SASTRA JAWI
(Sinom)

Amba ngrakit kidung nika,
mung ketang kepengin ngisi,
tuwin nyobi angrumpaka,
sastra diwajib pinetri,
kang samangkeh den siriki,
dening pra mudha sadarum,
mentingken basa manca,
kang den anggep langkung inggil,
dhatan uning wus kablinger keblatira.

Kang mangka sastra punika,
tilaran leluhur swargi,
kedahipun kajagiya,
kaudi murih lestari,
kangge tilaran nenggih,
myang putra wayah satuhu,
anggegegi budaya,
angesthi saha amaris,
mastutiya mring dhawuhing yayah rena.

102