~ Puspa Rinonce ~
basa kuwi bokmanawa kapirid saka tembung Sanskerta basa, banjur ing pakecapan dadi kerta basa – kérata basa.
Lumrahé wong kang wasis ngérata basa kuwi banjur dianggep ahli utawa empu basa, yèn jejagongan banjur dadi paran pitakonan bab kérata basané sawernaning tembung. Panganggep kaya mangkono iki mesthi waé ora bener, ora trep karo nyatané, jalaran ngérata basa kuwi dudu pakarti ilmiah, mung dhapur othak-athik utawa pangéntha-éntha. Mulané, kérata basa utawa jarwa dhosok iku prayogané ora perlu diwulangaké marang murid utawa marang para siswa. Kérata basa beciké mung kanggo dhagelan utawa geguyon.
TEMBUNG KRAMA INGGILÉ APA?
Masyarakat Jawa kuwi duwé tata cara kanggo njaga beciking srawung utawa beciking sesambungan antarané warga siji lan sijiné. Tata cara kaya mangkono mau diarani tata krama, subasita, udanagara, utawa unggah-ungguh. Jalaran wis manjing dadi padatan, sanajan tanpa tinulis lan ora diundhangaké, sapa waé wong kang nindakaké sesambungan karo wong liyané (amarga pakaryan, dedagangan, utawa sesambungan lumrah saben dinané karo kanca, tangga teparo, lan sapituruté) racaké padha mbudidaya amrih bisa nuhoni tata cara kang wis kelumrah dianggo ing masyarakat mau.
Tata krama iku kejaba ketitik (katon) saka solah bawa (kalebu sandhang panganggo), uga ketitik saka panganggoné basa. Yèn wong Jawa, upamané, madhayoh menyang panggonané wong kang luwih tuwa utawa luwih dhuwur drajat pangkaté saperlu ulem-ulem, anggoné nyandhang mung kaosan, anggoné lungguh lèyèh-lèyèh sikilé tumpang tali, lan anggoné jawab utawa matur mung kanthi ngoko, patrap kang kaya mangkono mau kena diarani degsura utawa ora ngajèni marang wong kang didhayohi. Dadi, panganggoné basa iku kalebu anasir kang wigati ing sajroné pasrawungan lan dadi salah sawijining ukuran tata krama utawa subasita.
67