Kaca:Puspa Rinonce.pdf/77

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

ditiru’ kuwi dadi katon gathuk lan mathuk karo tegesé tembung guru. Conto tembung kérata basa liyané, kayata:

siti : isi bulu bekti
rambut : éramé kok lembut
jangan : sejané dipangan
kathok : diangkat baka sithok
sruwal : saru yèn uwal

Kérata basa kuwi asring uga diarani jarwa dhosok. Diarani jarwa dhosok (jarwa = teges, dhosok = dhesuk) jalaran anggoné negesi tembung ing kérata basa kuwi mung adhedhasar pangéntha-éntha utawa pangothak-athik, kaya-kaya kanthi peksan, kanthi dhesekan utawa dhosokan. Ora mokal yèn tembung siji kuwi bisa dikérata basa dadi warna-warna. Tembung guru, upamané, kajaba bisa dikérata basa dadi ’digugu lan ditiru’, uga bisa dikérata basa dadi ’wagu tur kuru’, ’luguné yèn tanggal tuwa ora bisa turu’, lan sapituruté.

Kérata basa iku ana sambung rapeté karo étimologi, yaiku sesurupan bab nlusur asal-usulé (tegesing) tembung. Ananging, étimologi ing kéné dudu étimologi murni, dudu étimologi ilmiah, mung adhapur étimologi rakyat (volks etymologie). Diarani mangkono jalaran anggoné negesi tembung ing kérata basa kuwi mung adhedhasar rékan, adhedhasar pangéntha-éntha, kaya-kaya saben tembung kuwi minangka camboraning tembung-tembung wod. Pangerti bab tembung wod ing kéné mesthi waé uga ora padha karo pangerti bab tembung wod kang dicungulaké déning A.C. Vreede (1883) lan R. Brandstetter (1910). Téori bab tembung wod iku ing sakawit muncul saka panalitiné ahli basa rikala nliti basa-basa Indo-German, kayata, basa Sanskerta. Manut panaliti, tembung-tembung Sanskerta iku akèh kang didhapuk saka tembung wod. Amarga tembung-tembung Jawa iku ana (akèh) kang asalé saka basa Sanskerta, mula banjur ana panganggep yèn tembung-tembung Jawa iku uga didhapuk saka camboraning tembung wod. Kanthi mangkono, jeneng kérata

66