~ Puspa Rinonce ~
Wong diarani ngerti ing subasita manawa wong mau bisa lan gelem mapanaké utawa ngenggonaké dhiri pribadiné kanthi trep, ora gumedhé, kepara andhap asor, banjur bisa lan gelem ngajèni liyan kanthi murwat. Ngajèni utawa ngurmati liyan kuwi bisa dilairaké kanthi solah bawa lan panganggoné basa kang laras karo unggah-ungguhé. Kajaba laguning gunem alus, dekung, lan pakecapané cetha, panganggoné basa kang urmat kuwi uga diwujudi salining sawatara tembung kang rinasa dadi tandha pangaji-aji utawa tandha pakurmatan. Tembung-tembung kang dianggo tandha pakurmatan mau diarani tembung krama, déné yèn urmat banget diarani tembung krama inggil.
Tembung krama inggil iku gegayutan karo sarira utawa badan lan anggotané badan, pangangggo, kriya utawa panggawé, kaanan utawa sipat, barang darbé, utawa pamanggoné kang kinurmatan. Wong kang diurmati nganggo tembung krama inggil iku winates tumrap wong kapindho (madyama purusa utawa wong kang diajak guneman) lan wong katelu (pratama purusa utawa wong kang digunem). Tembung krama inggil ora prayoga yèn dianggo tumrap utama purusa utawa wong kang guneman.
Satemené tembung krama lan krama inggil iku gunggunge ora akèh, udakara mung 400 iji. Éwa samono, ora sadhéngah wong apal kabèh tembung krama lan krama inggil mau, luwih-luwih tumrap para nom-noman. Ora mokal yèn jaman saiki yèn ana bocah mlebu toko banjur ditakoni, “Mundhut punapa, Mas?”, anggoné wangsulan, “Badhé mundhut buku ...” utawa, “Badhé mundhut permèn ...”, lan sapituruté. Manut umggah-ungguh, panganggoné tembung mundhut tumrap wong kang guneman (utama purusa) kaya mangkono mau cetha yèn ora trep amarga tembung mundhut kuwi kalebu éwoning tembung krama inggil. Kuduné, tembung kang trep dianggo tumrap utama purusa (wong kang guneman) kaya ing ukara wangsulan mau, yaiku tembung tumbas (tembung krama lugu). Tumpang suh panganggoné tembung mangkéné iki bokmanawa pancèn durung mangerti temenan endi kang kalebu éwoning tembung krama inggil
68