Menyang kontèn

Kaca:Puspa Rinonce.pdf/39

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

KUNARPA, KUWANDA, LAYON
Juru sesorah, rasa pangrasa, lan pangandika (leléwaning basané) kudu laras karo swasana ing nalikané sesorah. Sesorah ing pahargyan dhauping pangantèn upamané, bèda karo sesorah ing upacara sripah. Ing pahargyan dhauping pangantèn juru sesorah diajap bisaa gawé wuwuh semuwaning pasamuan, ing upacara sripah juru sesorah diajap bisaa njaga tidhem temtreming swasana.

Ana sawatara bab kang perlu olèh kawigatèn mirunggan tumrap sesorah ing upacara sripah. (1) sesorah ing upacara sripah prayoga sing ringkes, ora nglantur ngandhar-andhar, amrih para tamu anggoné jumeneng ora kesuwèn. (2) papaning sripah ora prayoga kanggo pamèr basa. Cundhuk karo bab iki, basa kang dianggo beciké basa sing lugas, barès, ora kakèhan rerenggan. Kanggo ngawékani amrih aja ana seling suruping panggrahita utawa klèruning panyurasa, tetembungé prayoga dipilih sing mengku teges lan surasa kang trep. (3) lagu lagèhaning wacana (kedaling pangucap) prayoga kang sarèh pakolèh, ora kesusususu, ora perlu sora makantar-kantar.

Sawenèhing wong ana kang darbé panganggep yèn sesorah kang becik kuwi mesthi utawa kudu migunakaké basa kang dakik-dakik, basa kang direngga nganggo tembung-tembung éndah, upamané, tembung saka basa Kawi utawa Sanskerta. Amarga ana panganggep kaya mangkono kuwi, sanajan sesorah ing upacara sripah, ana sawenèhing pamedhar sabda (panatacara) kang banjur emoh nganggo tetembungan sing wis dianggep angsaran, sing wis kulina dianggo déning wong akèh. Amrih diarani basané becik, wong mau banjur mbudidaya nyalini tembung sing dianggep éndah tur sing durung kaprah dianggo déning wong akèh (sanajan durung mengerti surasané tembung mau sing sanyatané). Tembung layon, upamané, dianggep tembung sing wis angsaran. Tembung iki banjur sok disalini nganggo tembung kunarpa utawa kuwanda. Apa teges utawa surasané tetembungan iki sing sanyatané?.

28