~ Puspa Rinonce ~
- (a) Tembung kunarpa, kalebu éwoning tembung Kawi utawa Jawa Kuna, tegesé ‘bangké’, bathang’. Tembung iki asal saka tembung Sanskerta kunapa ‘mayit’.
- (b) Tembung kuwanda, uga kalebu éwoning tembung Kawi utawa Jawa Kuna, tegesé ‘awak’, ‘bada’, ‘bangké’. Tembung iki asal saka tembung Sanskerta kuwandha, tegesé ‘ gembung’ (blegeré awak tanpa sikil, tangan lan sirah).
- (c) Tembung layon kalebu éwoning tembung krama inggil, yaiku kanggo ngramakaké tembung mayit utawa jisim kang ateges ‘wong kang wis mati’ utawa ‘ragané’ wong sing wis ora ana nyawané’. Satemené tembung layon iku mengku teges ‘(kembang) kang wis alum’ utawa ‘aluming kembang’. Kanthi mangkono, tembung layon kanggo ngganti nyebut mayit utawa jisim kuwi kena diarani eufimisme (tembung kang luwih alus minangka gantining tembung kang mengku surasa kasar, ora nyenengaké).
Kapirit saka asalé, tembung layon iku dumadi saka tembung layu ‘alum, mati’ olèh panambang –an. Tembung layu kuwi kalebu uga tembung Kawi. Ing basa asalé, yaiku basa Kawi, tembung layu + -an kuwi dadi laywan. Déné laywan banjur dadi layon, ana owah-owahan /wa/ dadi/o/, minangka owah-owahan sing lumrah tumrap tembung-tembung Kawi sing banjur dadi tembung Jawa saiki, kayadéné tembung larwan (Kawi) dadi laron, unggwan (Kawi) dadi enggon, takwan (Kawi) dadi takon.
Kanthi andharan iki bisa disumurupi yèn tembung layon iku kalebu tembung alus, tembung kang mengku surasa mati. Menawa tembung iki disalini nganggo tembung kunarpa utawa kuwanda, satemené surasané malah dadi ora trep.
TETANÈN ING MRIKI SAMPUN MAJENG
Tembung mriki kalebu éwoning tembung krama, yaiku kanggo ngramakaké tembung mréné. Tembung mriki lan uga mréné mengku teges ‘menyang ing kéné. Kanthi mangkono,
29