Menyang kontèn

Kaca:Puspa Rinonce.pdf/38

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

liyané. Tembung embyah ‘simbah’, kisang, ‘gedhang’, kethowok-kethowok, ‘krowok-krowok’, blungki, ’tunggak pring’, upamané, kaprah dianggo déning masyarakat Banyuwangi (Osing), ananging uga mèh ora dianggo dèning masyarakat Jawa ing papan liya. Tembung-tembung enggon-enggonan kaya mangkono mau ing basa baku perlu disalini nganggo tembung-tembung kang umum.

Basa baku iku kudu asipat lugas. Kang dikarepaké lugas ing kéné (a) tembung-tembung kang dianggo dudu tembung-tembung éntar lan (b) dhapukaning ukara ora dawa-dawa. Ananging perlu disumurupi yèn tembung éntar iku satemené bisa dipérang dadi rong golongan, yaiku (1) tembung éntar kang isih cetha teges éntaré lan wis dianggep tembung lumrah. Tembung éntar golongan (2) iku bisa dianggo ing basa baku. Kagem lelimbangan sawatara bisa dipriksani ukara ing ngisor iki.

  1. 1. Kanggo nyumurupi sepira abot ènthèngé barang, kaya-kaya ora ana dalan liya kang prayoga diliwati kajaba mung nimbang barang mau.
  2. 1a. Kanggo nyumurupi boboté barang, carané kudu nimbang barang mau.
  3. 2. Pak Lurah, wong kang dadi pangarep utawa kepalaning désa, kang kagungan tanggung jawab tumrap maju munduring désa, kang ngasta pimpinaning rapat, banjur nothok méja kanggo narik kawigatèné kabèh wong kang nekani rapat wektu kuwi padha omong-omongan dhéwé-dhéwé ora nggatèkaké apa kang lagi dirembug ing rapat mau.
  4. 2a. Pak Lurah kang mimpin rapat mau banjur nothok méja kanggo narik kawigatèné wong kang padha mèlu rapat.

Ukara 1a luwih ringkes katimbang ukara 1 lan ukara 2a luwih ringkes katimbang ukara 2. Kajaba kuwi, ukara 1 mengku tembung éntar kang isih cetha teges éntaré, yaiku dalan kang prayoga diliwati minangka éntaré cara kang becik ditindakaké. Ukara-ukara kaya kang sebut ing 1 lan 2 iku ora prayoga dianggo ing basa baku.

27