~ Puspa Rinonce ~
baku ukara kasebut dadi Dia dipindahkan ke Surabaya (tembungé kriya kudu mawa panambang –kan). Bokmanawa bab iki kena pangaribawané basa Jawa.
NGLENGGANA
Tembung nglenggana iku asalé saka tembung lingga lenggana olèh wuwuhan ater-ater anuswara. Tembung lenggana mengku teges ‘emoh’, ‘suthik’, ‘ora manut’, (a)ndaga’, ‘mbadal prentah’. Tuladhané ing ukara, mangkéné.
- Kumbakarna tan nglenggana mring dhawuhing rakanira.
Tembung tan nglenggana ing ukara iki tegesé ‘ora mbadal (prentah)’, ‘ora mingkuh’, ‘ora suthik’. Dadi, tan nglenggana kuwi padha karo ‘manut’, ‘miturut’.
Tembung lenggana (langgana ing basa Jawa Kuna) iku asalé saka basa Sansekerta, saka tembung wod langh. Tembung wod iki bisa didhapuk tembung-tembung, upamané, langhayati, langhita, langhya. Tembung langhya ing basa Jawa Kuna mengku teges meh padha karo tembung langgana (langghana), yaiku ‘nolak (préntah)’, ‘mbadal (dhawuh)’.
Ing jaman saiki tembung lenggana (nglenggana) sok dianggo kanthi teges kosok balèn karo tegesing tembung kang sakawit. Contoné, mangkéné. Awit nglenggana dados titah sawantah ingkang mboten kalis ing kalepatan, pramila keparenga kula nyadhong lumunturing sih pangaksama. Tembung nglenggana ing ukara iki tegesé ‘ngrumangsani’, ‘rumangsa’ utawa ‘ngakoni’. Owah gingsiré tegesé tembung kaya mangkéné iki pancèn ana tunggalé. Upamané, tembung wara (basa Jawa Kuna) ing sakawit tegesé ‘ana’. Tembung wwara iku saiki dadi tembung ora kang mengku teges ‘kosok balèn karo kang kasebut’, kaya ta kaya tetembungan ora ana, ora larang, ora teka, lan sapanunggalé. Tetembungan tan ora tegesé ‘kudu’, ‘ mesthi kudu’. Ing basa Indonesia, upamané, tembung acuh tegesé ’perduli’, ‘migatèkaké, nggatékaké’. Ananging tembung acuh iki asring dianggo kanthi teges kosok balèn karo teges kang sakawit.
11