Kaca:Puspa Rinonce.pdf/21

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

-Ali nukokaké buku adhiné.
‘Ali membelikan buku adiknya’.
-Yu Sri njupukaké banyu Pak Marta.
‘Kak Sri mengambilkan air Pak Marto’.
-Mas Tana nulisaké layang Yu Inem.
‘Mas Tana menuliskan surat Kak Inem’.

Ananging perlu disumurupi manawa ana sawenèhing tembung kriya kang tanpa panambang –aké yèn dijarwakaké ing basa Indonesia kudu nganggo panambang –kan. Contoné, mangkéné.

-Bab iki kudu dipikir bebarengan.
Hal ini harus dipikirkan bersama-sama.
-Yèn ditandhing karo aku, luwih dhuwur dhèwèké.
Jika dibandingkan dengan saya, lebih tinggi dia.
-Poto mau nuli didokok ing dhuwur méjané.
Foto tadi kemudian diletakkan di atas mejanya.
-Saben montor sing liwat diendheg lan dititi priksa.
Setiap motor yang lewat diberhentikan dan diperiksa.

Dhapukaning tembung kriya mawa panambang –kan ing basa Indonesia kaya ing tembung diberhentikan mau sok dianggep padha karo dhapukaning tembung kriya mawa panambang –aké ing basa Jawa. Mula ora mokal yèn ing basa Jawa asring tinemu ukara, upamané, Pak Marta tansah mikiraké anaké. Tembung mikiraké ing ukara mau cukup mikir waé, tanpa panambang –aké, jalaran tembung mikir iku wis klebu éwoning tembung kriya tanduk mawa lésan (verba transitif). Ananging tembung memikir ing basa Indonesia ora klebu tembung kriya tanduk mawa lésan. Mulané, tembung mikir (Jawa) yen dijarwakaké ing basa Indonesia dadi memikirkan (mawa panambang –kan). Bokmanawa ya amarga saka pangaribawané basa Indonesia iku ing basa Jawa banjur ana dhapukaning tembung mikiraké kaya ing ukara Pak Marto tansah mikiraké anaké mau. Kajaba saka iku, ing basa Indonesia sok tinemu uga ukara, kaya ta, Dia dipindah ke Surabaya. Ukara iki satemené dudu ukara baku. Mesthiné ing basa kang

10