Kaca:Puspa Rinonce.pdf/23

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

Panganggoné tembung kang kanthi teges kosok balèn karo teges baku utawa teges kang sakawit iki kawiwitan saka ora pener, sanajan wis kebanjur kaprah. Beneré, tembung lenggana (nglenggana) iku tegesé ‘ora gelem, suthik, emoh, ora manut, (a)ndaga, mbadal (préntah)”. Kanthi mangkono, ukara kang wus kasebut mau beneré mangkéné. Awit tan nglenggana dados titah sawantah … Utawa diganti mangkéné. Awit ngrumaosi dados titah sawantah ingkang mboten kalis ing kalepatan, …


SUMAWANA
Tembung sumawana iku kalebu tembung racikan anyar, kadhapuk saka tembung lingga sawana olèh wuwuhan seselan –um. Tembung lingga sawana minangka ingsedaning tembung swana, yaiku tembung Kawi utawa Jawa Kuna sing asalé saka basa Sanskerta. Amarga saka owah gingsiring pakecapan, kajaba bisa mulur dadi sawana, tembung swana bisa owah wujudé dadi sona. Déné tembung sona, swana, utawa sawana kuwi dasa namané tembung asu.

Tembung asu dumadi saka anasir a-‘ora’ lan wod su (suk) ‘mlebu’. Dadi kapirid saka sejarah tegesing tembung, asu kuwi kéwan sing ora olèh mlebu omah. Jalaran tembung sawana kuwi tegesé padha karo tembung asu, mula tembung sumawana banjur ditegesi ‘kalebu’ (padha karo tembung termasuk ing basa Indonesia).

Tembung sumawana iku minangka tembung panggandhèng kang ateges gabungan wuwuhan. Tembung iki lumrahé dianggo ing basa susastra, basa pacakan, utawa basa rinengga. Ing basa padinan tembung mau mèh ora tau dianggo.

Panganggoné tembung sumawana kuwi, upamané, mangkéné.

Tindakira Radén Dananjaya angayam-ayam wana, tumurun jurang, minggah arga, kadhèrèkaken punakawanira Semar, Garèng, Pétruk, sumawana Bagong.

12