~ Puspa Rinonce ~
Contoné:
- Sajengkaringsun, katentremaning praja mangsa borong Kakang Patih!
- Laré punika putranipun Pak Marta ingkang pambajeng.
- Mat, layang iki aturna marang Ibu Lurah!
- Adhik arep takdadahaké Mbah Dhukun, kowé mèlu ora?
Panulisé kakang lan patih, pak lan Marta, ibu lan lurah, mbah lan dhukun ing ukara–ukara iki kudu diwiwiti nganggo aksara murda.
PRASTAWA
Tembung prastawa ing jaman saiki asring dianggo kanthi teges kaya déné tegesing tembung peristiwa ing basa Indonesia. Malah ing kéné bisa diarani yèn tembung prastawa kuwi saiki dianggo nggantèni tembung peristiwa. Upamané, ing tetembungan prastawa perang Iraq lan Iran ing wektu kepungkur, prastawa 10 November 1945 ing Surabaya, prastawa udan awu dina Jumuwah Legi taun 1951, prastawa tibané montor mabur ing Deli Serdang kang nggawa kurban 234 wong setaun kapungkur, lan sapituruté. Prastawa ing tetembungan iki mau bisa ditegesi ‘kedadéan‘, ‘kedadéan kang dudu sabaéné‘, ‘kedadéan kang nyata (kelakon) temenan‘, ‘bab‘, utawa ‘prakara (apa-apa kang kelakon)‘.
Ana panganggep yèn panganggoné tembung prastawa kanthi teges kaya ngono mau ora bener utawa ora pener. Panganggep utawa panemu iki ana dhasaré, yaiku bausastra utawa kamus. Ing sawetara bausastra utawa kamus Jawa, kayata, kamus anggitané C.F. Winter, J.F.C. Gericke lan T. Roorda, R.Ng. Pradjapoestaka (Ki Padmasoesastra), S. Prawiroatmodjo, lan W.J.S. Poerwadarminta, tembung prastawa kang mengku teges kaya kang wus kasebut mau ora ana. Tembung prastawa ing sajroné kamus mau ditegesi ‘awas‘, ‘waspada‘, ‘waskitha‘, ‘wicaksana‘, ‘padhang trawangan‘, ‘sebab mula‘. Upamané, ing Baoesastra Djawa anggitané W.J.S. Poerwadarminta tembung prastawa ditegesi ‘waspada‘, ‘waskitha‘: diprastawakaké ‘diwaspadakaké‘ . Yèn ngono,
6