~ Puspa Rinonce ~
PANULISÉ TEMBUNG PEPRENAHAN
Tembung-tembung sing nélakaké peprenahan, kaya ta, ibu, bapak, bibi, paman, bakyu, kakang, kangmas, dhimas, uwa, éyang, simbah, lan sapituruté, kang minangka tembung sesulih utawa panyapa (kanggo nyapa), panulisé diwiwiti nganggo aksara murda.
Contoné:
- Kala wingi Ibu tindak dhateng Surabaya piyambakan.
- Lajeng karsanipun Bapak sapunika kados pundi?
- Minggu wingi Paman uga tindak Semarang.
- Wah, Kakang wis mulih,… olèh–olèhé apa Kang?
Panulisé tembung ibu, bapak, paman,lan kakang utawa kang ing ukara–ukara iki kudu diwiwiti nganggo aksara murda jalaran tembung–tembung mau minangka tembung sesulih (sesulih madyama purusa) utawa minangka tembung panyapa. Ananging peprenahan sing ora dianggo tembung sesulih utawa panyapa, panulisé diwiwiti nganggo aksara cilik, ora perlu nganggo aksara murda.'
Contoné:
- Kala wingi ibunipun laré punika ugi tindak mriki.
- Tiyang wau èstunipun taksih kaprenah paman kalihan laré punika.
- Kowé wis tampa layang saka bapakmu durung, Ti?
- Sésuk aku arep mboncèng kakangmu waé kok.
Tembung ibunipun, paman, bapakmu, lan kakangmu ing ukara–ukara iki dudu tembung sesulih lan uga dudu tembung panyapa, ananging mung minangka araning peprenahan. Mulané, panulisé tembung–tembung mau ora perlu diwiwiti nganggo aksara murda.
Sebanjuré, tembung peprenahan sing dikanthèni jeneng utawa araning uwong, drajat, pangkat, kalungguhan, utawa sesebutan sing dikanthekaké ing saburiné tembung peprenahan mau uga diwiwiti nganggo aksara murda.
5