~ Puspa Rinonce ~
tembung prastawa kang dianggo kanthi teges kaya tegesing tembung peristiwa ing basa Indonesia iku apa banjur luput utawa klèru temenan?
Satemené tembung prastawa kuwi dudu tembung anyar. Tembung mau ing basa Jawa Kuna wis ana. Tembung prastawa asalé saka basa Sanskerta, saka wod stu oleh wuwuhan pra-. Miturut paramasastra Sanskerta wod stu kuwi bisa dadi stuté, stuta, stutva, stuyaté, lan sapituruté. (Tembung astuti, astawa kang banjur bisa dadi pangastuti lan pangastawa kang ateges ‘pamuji, pangalem, pangabekti‘ iku yen ditlusur asalé saka wod stu. Semono uga tembung pangèstu kang ateges ‘berkah‘utawa ‘pamuji, pandonga‘ asalé ya saka wod stu). Wod stu sing olèh wuwuhan pra- mau sabanjuré bisa dadi tembung prastawa (mriksanana, upamané, A Sanskrit Reader anggitané C.R. Lanman). Déné tembung prastawa iku mengku teges warna-warna, kaya ta (1)‘kidung pamuji (kidung kanggo memuji)‘, ‘kidung pujian‘, (2) ‘sabab, jalaran, lantaran‘, (3) ‘lajering rembug, lajering perkara‘, (4) ‘wektu kang trep (pas)‘, (5) ‘purwaka, kawitan‘, (6) ‘kadadéan‘, lan sapituruté. Ing kéné cetha yèn tembung prastawa kang tegesé padha karo tembung peristiwa, yaiku ‘kedadéan‘ lan sapituruté kaya kang disebut mau pancèn ana. Mung waé, teges utawa makna‘ kadadéan‘ tumrap tembung prastawa kuwi tau dilalèkaké. Malah tembung prastawa kang tegesé ‘waspada‘ utawa ‘waskitha‘ uga wis mèh dilalèkaké. Nyatané, ing jaman saiki ora tau keprungu tetembungan, upamané, sing prastawa, dalané ramé banget ; kula lan panjenengan sadaya kedah prastawa, ampun ngantos” anut grubyug ora ngerti rembug”, lan sapituruté.
Mulur mungkred utawa owah gingsiring tegesé tembung kaya kang dumadi ing tembung prastawa iku wis lumrah ing basa apa waé. Dadi, panganggoné tembung prastawa kanthi teges kaya tegesing tembung peristiwa ing basa Indonesia kuwi ora luput, ora klèru, lan ora gawé ruginé basa Jawa. Kajaba panganggoné tembung kaya mangkono mau kanthi gegaran kang gumathok (tembung) prastawa kanthi teges ‘kedadéan‘ kuwi pancèn
7