~ Puspa Rinonce ~
lumrahé kapacak kanthi sandi karsa kuwi mèh padha karo carané nulis sandi asma. Conto panulisé sandi karsa bisa disemak ing pethikan tembang Dhandanggula anggitané T. Ismoyo (Jaya Baya, Mei 1991) ngisor iki.
Memanisé sastra kang rinakit, atur puji kinarya pambagya, hardiknas ing warsa mangké, anggung dènémut-émut, rinten dalu tan bisa lali, gegayuhan jinangka, yekti kudu runtut, ambangun mekaring bangsa, pangudiné tumuju bebrayan sam,i èdi éndah sinedya.
Nyata luhur lelabuhanéki, gegebengan rinegem pra dwija, éwuh gugup ben dinané, tansah anular tutur, anyrambahi sagung pra murid, nggegulang tri prakarsa, dimèn lebdèng kawruh, ing pakaryan mrih trengginas, nalar mulur rinengga ambeg bèr budi, anjrah mring para siswa.
Pepénginan kang samya kaèsthi, esthining tyas maujud kanyatan, nyata bisa kalakoné, dina-dina kepungkur, iku dadi landhesanèki, dina kang bakal teka, ing pangangkah tumus, kita bangsa Indonesia, anemahi jaman lir kencana rukmi, nyrambahi Nusantara.
Tembang karangané T. Ismoyo iki minangka mèngeti Hari Pendidikan Nasional. Yén aksara-aksara saben wiwitaning gatra kabèh, wiwit gatra sapisan nganti pungkasan ing tembang telung pada iku, digathuk-gathukaké kanthi urut, bakal tinemu unèn-unèn utawa tetembungan “Mahargya Pèngetan Dina Pendidikan” kang minangka sandi karsa sing dipacak ing tembang mau.
GOLÈK GENI ADEDAMAR
Unèn-unèn kang kapacak ing dhuwur iki yèn disurasa kanthi wantah ora kalebu ing nalar. Liré, apa ana wong golèk geni kok nggawa damar? Ing mangka, damar utawa diyan kuwi rak wis ana geniné?
Unèn-unèn kuwi pancèn dudu ukara lumrah, ora mathuk yèn mung disurasa kanthi wantah adhedhasar tetembungané. Jalaran, unèn-unèn mau adhapur (ukara) isbat, yaiku ukara pepindhan kang mengku piwulang ngèlmu tuwa (ilmu gaib), filsafat utawa ngèlmu kasampurnan. Tetembungan golék geni ing
118