~ Puspa Rinonce ~
unèn-unèn mau pepindhané wong ‘golèk ngélmu’. Tembung adedamar (nggawa damar utawa diyan) mengku surasa pepindhan ‘sangu (nggawa) ngèlmu’. Kanthi mangkono, unèn-unèn golék geni adedamar kuwi mengku surasa ‘wong golèk ngèlmu (maguru) kudu nduwèni pawitan ngélmu utawa kawruh kang bakal dicecep utawa disinau’.
Ukara isbat kuwi wus ajeg panganggoné, ora kena diowahi. Saupama owah, owah-owahan mau mung dumunung ing dhapukané, ananging surasané tetep ora owah. Conto ukara isbat kang surasané padha karo golèk geni adedamar nanging béda pandhapuké, upamané, ngangsu apikulan warih. Tembung ngangsu (golèk banyu) iku mengku surasa pepindhan ‘golèk ngèlmu’ utawa ‘maguru’, apikulan warih (mikul banyu utawa nggawa banyu dipikul) mengku surasa pepindhan ‘sangu ngèlmu’. Kanthi mangkono, unèn-unèn ngangsu apikulan warih kuwi surasané padha karo golèk geni adedamar, yaiku ‘wong maguru (golèk ngèlmu) kuwi kudu wis nduwéni pawitan ngèlmu kang bakal disinau’.
Unèn-unèn kang dirembug iki diarani isbat. Déné isbat utawa ibarat pepindhan ing ilmu gaib iku ana sawatara, upamané, mangkéné.
- Golèkana tapaké kuntul nglayang.
Surasané: ‘Wong urip iku ngertia marang keplasing sukma kang ana ing sajroné raga, menyang ngendi samengkono’. - Golèkana gigiring punglu.
Surasané: ‘Wong urip iku ngertia jatining urip sing temenan’. - Kodhok ngemuli lèngé.
Surasané: ‘Jiwaning manungsa (sukma) iku bisa ngerèh marang ragané’.
PARIBASAN, BEBASAN, SALOKA
Ing jagating kasustraan Jawa ana unèn-unèn kang diarani paribasan, bebasan, lan ana kang diarani saloka. Unèn-unèn kayata, (a) kebo nusu gudèl, (b) anak polah bapa kepradhah, (c) ancik-ancik
119