~ Puspa Rinonce ~
Surakarta. Ing wektu iku pujangga kang gambèn nganggo sandi asma (kena diarani kang mandhégani), yaiku Radèn Ngabèi Ranggawarsita.
Supaya cetha, ing ngisor iki kapethikaké conto tembang kang mengaku sandi asma.
Rarasing kang sekar sarkara mrik, dènaksama dèning sang sudyarsa, ngawekani wengkuning rèh, bèrawèng para ratu, ilangé kang sesengker sarik, rongas wèsthining angga, gagating tyas antuk, wartaning kang para tama, sinung tengran sembah trus sukaning budi, tataning kang carita.
Wanda-wanda wiwitan saben gatrané tembang iki yèn digathukaké saka kang sapisan nganti pungkasan minangka asmané pujangga kang nganggit tembang mau, yaiku Raden Ngabèi Ranggawarsita.
Conto manèh panulis sandi asma kaya kang tumrap ing tembung dhuwur mau bisa disemak ing pethikan tembang Kinanthi ngisor iki. Yèn wanda-wanda kawitan saben gatraning tembang iki digathuk-gathuké, bakal tinemu jeneng utawa asmané wong kang ngripta tembang, yaiku Ki Martosuwita.
Kinanthi sujanma idhup, mardi mardawèng palupi, tama tumanem mrih bisa, susulangé janma nguni, winuruk ing tapa brata, tatané wirit puniki.
2. Sandi Karsa
Tembung sandi karsa dumadi saka sandi lan karsa. Kaya kang wis dirembug ing dhuwur mau, sandi mengku teges ‘wadi, winadi, sinamar, sinamun, ora melok’. Dèné sandi karsa kuwi ‘karep, ancas, tujuan kang sinamun, sinamar, utawa winadi’.
Ana wong kang ngarani sandi karsa kuwi sandi ukara. Sanajan béda tetembungané, sandi ukara kuwi tegesé ora béda karo sandi karsa. Ukara kang dikarepaké ing kéné yaiku ‘rerangkèning tembung kang kanggo mahyakaké (medharaké) cipta utawa gagasan, rasa pangrasa, utawa kekarepan’. Karep utawa gagasan kang
117