Menyang kontèn

Kaca:Puspa Rinonce.pdf/127

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

geguritan gagrag anyar (modhèrn). Banjur apa sandi asma lan sandi karsa kuwi?

1. Sandi Asma
Tembung sandi asma kuwi dumadi saka tembung sandi kang mengku teges ‘wadi, winadi, sinamun, sinamar, ora melok’. Jeneng kang sinamun kuwi lumrahé jeneng utawa asmané pangarang, pangripra, utawa pujangga.

Sandi asma kuwi béda karo jeneng sesinglon (jeneng samaran). Jeneng kang diwedharaké ing sandi asma kuwi jeneng utawa asmané pangripta (punjangga) kang satenané (jeneng asli), yèn jeneng sesinglon awujud jeneng liya, dudu jenenging asli pangarang. Soebagiyo Ilham Notodidjojo (nalika jaman Jepang), upamané, sok nganggo jeneng sesinglon Angga Jali, Arga Lawu, Satria Wibawa, Damayanti, utawa Endang Murdiningsih nalika ngarang geguritan utawa crita cekak. Contoné manèh, Poerwadi Atmodiharjo ing karangané uga sok nganggo jeneng sesinglon Harja Lawu, Habra Markata, Sri Ningsih, Sri Juwariyah, Abang Istar, utawa Kenthus. Bèdané manèh, sandi asma iku ditulis sinamun sajroné karangan; jeneng sesinglon ditulis cetha lan pisah saka blegering karangan.

Panulisé sandi asma kuwi lumrahé mangkèné.

  1. (a) Jenenging pangarang (pujangga) dipilah-pilah, dipedhot-pedhot, utawa diprèjèngi adhapur wanda-wanda utawa aksara-aksara.
  2. (b) Prèjènganing jeneng kang adhapur wanda-wanda utawa aksara-aksara mau banjur dipacak ing saben wiwitaning gatra, ing wiwitan saben pedhotaning tembang, utawa ing saben pungkasaning gatra (ukara).

Panganggoné sandi asma kuwi mengku ancas warna-warna, kayata, pangarang (pujangga) ora kepéngin mamèraké jenengé kanthi mélok, supaya asil cipta riptané ora gampang diaku déning wong liya, bisa kanggo marsudi keprigelan ngolah tembung, lan sapituruté. Sandi asma kuwi dianggo mratah wiwit jaman

116