~ Puspa Rinonce ~
atiné dikira kepénak dadi randha, tinimbang duwé bojo, nanging dimaru. Duwé maru iku jaréné rasaning ati kaya digarang sadina-dina” (Sinta, kaca 66-67)
Novèl Kumpulé Balung Pisah béda karo novèl liyané. Pangarang A.M. Saerozi ngangkat babagan kelimput ékonomi sajroning kulawarga pagawé negeri (Mas Sastrasudira). Amarga ora kuwat nampa panandhang urip rekasa awit cupeting blanjané sisihané, Bu Sastra minggat lan urip kumpul kebo karo sawijining sudagar. Pisahing kulawarga mau malah dadi jalaran kamulyané anak-anaké. Ora kajarag, Bu Sastra bisa kumpul karo bojoné lan anak-anaké. Sabanjuré, kabèh padha ndhadha ing kaluputané.
Novèl panglipur wuyung (roman picisan) saya ngrembaka ing taun 1960-an. Novèl Panglipur Wuyung ngemot bab-bab kang gegayutan karo katresnan. Novèl panglipur wuyung uga kanggo ajang propagandha, mliginé kang gegayutan karo babagan mbélani negara.
Novèl-novèl kang kena kagolongaké panglipur wuyung, kayata tangisé Kenya Ayu (Anyi Asmara), Dhawet Ayu, (Widi Widayat), Randha Gandrung (Sutarno), Sukma Nungka Tresna (Sudharma K.D.), lan Gelung Sala Gawé Gendra (Anis, B.A.) Amarga crita lan gambar-gambar ilustrasi ing novèl-novèl mau sajak vulgar, mula ana sawenèhing novèl panglipur wuyung kang ora olèh sumebar ing masyarakat amarga diarani novèl porno (lékoh). Ana uga novèl picisan kang ngemot bab politik lan social. Racaké bab-bab mau diolah ing crita asmara. Pemberontakan G 30 S/PKI uga kaangkat déning pangarang ing novèl-novèl saku.
SANDI ASMA LAN SANDI KARSA
Para sutrisna mesthi wis tau utawa asring midhanget tembung sandi asma, nanging bokmenawa arang mrangguli tembung sandi karsa. Tetembungan iku mau wis kaprah ing jagating kasusastran Jawa, mirunggané ing tembang macapat. Bédané, sandi asma kuwi wis ana wiwit tembang macapat gagrag lawas (klasik), déné sandi karsa lagi tinemu ing tembang macapat utawa
115