~ Puspa Rinonce ~
ana tembung kang dhapukané sairib karo kabinektènan, upamané kasinungan ’diwènèhi’, ’kadunungan’. Tembung kasinungan kadhapuk saka sinung ’diwènèhi’ kawuwuhan ka-/-an lan sinung dhéwé asalé saka sung ’awèh’ kawuwuhan seselan –in-. Sanadyan padha-padha tembung dhasar, sinung ing tembung kasinungan lan binektènan ing tembung kabinektènan iku ora padha arané: sinung kalebu tembung lingga kang kelumrah diarani lingga andhahan, binektènan ora kena diarani tembung lingga. Dadi, tembung kabinektènan iku pandhapuké ora trep karo paugeraning parama sastra lan prayogané ora dianggo.
Kanthi bèbèran ringkes iki bisa disumurupi manawa tembung kinabektèn lan binektènan iku pandhapuké kabèh bener (manut paugeran kabinektènan ora trep karo paugeran). Tembung kinabektèn kadhapuk nganggo paugeran lawas (Jawa Kuna) lan pandhapuking tembung kaya mangkéné iki (kanthi wuwuhan kina- + -an) mung lumaku tumrap tembung-tembung tartamtu. Déné tembung binektènan, sanadyan uga nganggo paugeran kang wis ana wiwit jaman basa Jawa Kuna, ananging paugeran mau isih kaprah tumekané jaman saiki lan akèh tembung-tembung kang bisa kadhapuk kanthi cara mangkono mau (kanthi wuwuhan –in- + -an). Awit saka iku, tembung kinabektèn lan kinabektènan bisa dianggo manut kasenengan, mirunggané ing basa pinacak.
TEMBUNG KRAMA, NGOKO, LAN KRAMA INGGIL
Durung suwé iki panulis nyumurupi ana bocah nom-noman mlebu ing toko. Sajaké wong kang duwé toko wis tepung becik marang bocah nom-noman mau, katitik anggoné nanggapi katon rumaket, mangkéné.
- + : “Arep mundhut apa, Mas Ar?”
- - : “Anu, … plèster, Bu.”
- + : “Kok mundhut plèster, … kagem apa?”
- - : “Niki, … wau ngrèmpèli pang pelem malah asta kula kebacuk.”
94