Kaca:Puspa Rinonce.pdf/106

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

Kapirid saka anggoné ngetrapaké tembung, bocah nom-noman kang disebut Mas Ar iku ketara yèn durung dhamang (durung mengerti temenan) cak-cakan unggah-ungguhing basa. Tembung asta, upamané, déning bocah nom-noman mau dianggo tumrap awaké dhéwé (wong I utawa utama purusa). Kang mangka, tembung asta kuwi kalebu éwoning tembung krama inggil. Miturut paugeraning unggah-ungguh, tembung krama inggil iku mung kelumrah dianggo ngajèni (ngluhuraké utawa nginggilaké) wong kang diajak guneman (wong II utawa madyama purusa) utawa wong kang digunem (wong III utawa pratama purusa) kang pantes diurmati. Kajaba panjenengané ratu (kalebu ratu ing wayang utawa kethoprak), wong guneman (wong I utawa utama purusa) kang migunakaké tembung krama inggil tumrap awaké dhéwé kuwi ora prayoga lan kena diarani degsura (ora ngerti tata krama).

Wus disumurupi ing akèh manawa tembung asta kuwi minangka tembung krama inggil, yaiku krama inggilé tembung tangan . Déné tembung tangan iku kalebu golonganing tembung krama ngoko, yaiku golonganing tembung ngoko kang wis bisa dianggo tembung krama tanpa ngowahi utawa nyalini wujud utawa blegering tembung mau. Kanthi mangkono, tembung krama ngoko kuwi miturut pranatan ora ana tembungé krama, mung waé kala-kala ana tembungé krama inggil. Mulané, miturut pranatan uga, yèn tembung krama ngoko iku dikramakaké, tembung kramané kena diarani krama enggon-enggonan (dhialèk). Mesthi waé, tembung krama ngoko iku béda karo tembung ngoko. Jalaran, saben tembung ngoko kuwi lumrahé mesthi ana tembungé krama lan kala-kala uga ana tembungé krama inggil utawa krama andhap. Contoné, mangkéné.

Ngoko: Krama: Krama Inggil: Krama Andhap
abang abrit - -
arep ajeng kersa -
mèlu tumut - ndhèrèk
awèh suka paring caos
nyukani maringi nyaosi

95