Kaca:Puspa Rinonce.pdf/104

Saka Wikisumber
Kaca iki wis divalidasi

~ Puspa Rinonce ~

seselan –in- lan panambang –an. Satemené panambang –an kang diwuwuhaké mau ing sakawit awujud panambang –i. Owahé panambang –i dadi –an utawa malah dadi –anan iku kanggo ngluwesaké pakecapan. Owah-owahaning pakecapan mangkéné iki kaya-kaya wis dadi paugeran kang maton, satemah banjur ora ana wuwuhan –in-/-i. Tundhoné, ing basa Jawa saiki tembung-tembung, kayata, binektèni, tinulisi, winadhahi, pinaringi, lansineksèni, banjur dianggep ora lumrah sanadyan adhedhasar parama sastra ora luput. Déné kang dianggep lumrah, amarga trep lan luwes pakecapané, yaiku binektènan, tinulisan, winadhahan, pinaringan, lan sineksènan. Dhapukaning tembung andhahan kanthi wuwuhan seselan –in- lan panambang –an mangkono kuwi diarani rimbag tanggap na i-kriya. Kapirid saka tegesé, rimbag tanggap na i-kriya (pasif adhapur –in- + lingga + -an) iku mèh padha karo rimbag tanggap pratama purusa tegesé mèh padha karo tegesé tembung dibektèni, yaiku ’diurmati (diajèni) kanthi andhap asor’, ’disungkemi banget’. Bédané, dibektèni dianggep tembung lumrah, tembung binektènan dianggep tembung éndah, ngengreng, bregas, satemah banjur kelumrah dianggo ing basa pinacak, basa rinengga, utawa basa susastra.

Pungkasan, bab tembung binektènan. Kapirid saka wujudé, tembung iki kadhapuk saka tembung lingga bekti kawuwuhan seselan –in- lan panambang –an (tanggap na i-kriya) dadi binektènan, sabanjuré binektènan olèh wuwuhan manèh ater-ater ka- dadi kabinektènan. Manut paugeran, ater-ater ka- iku klebu ater-ater kanggo ndhapuk tembung tanggap pratama purusa kayadéné ater-ater di- utawa seselan –in-. Mula saka iku, tembung katulis, upamané, tegesé mèh padha karo ditulis utawa tinulis, kagawa tegesé mèh padha karo digawa utawa ginawa, katimbalan tegesé mèh padha karo ditimbali utawa tinimbalan, lan kabektènan (dudu kabinektènan) tegesé padha utawa mèh padha karo dibektèni utawa binektènan. Kanthi mangkono, kabinektènan iku kena diarani tembung dhapukan tanggap kang rangkep kang yèn disurasa lan disalini kanthi tembung lumrah padha karo didibektèni. Pancèn

93